Tata Cara Ziarah Makam Para Wali dengan Menggunakan tata bahasa jawa yang sakral :
Ya waliyulloh ! Kulo sedoyo rombongan sangking ……………… sowan ing makam panjenengan ngriki perlu ziaroh dateng panjenengan lan dateng poro auliya ingkang sumare wonten puniki makom sak labetipun ziaroh kulo bade maos tahlil lan lintunipun sak do’anipun perlu nyuwun dateng Allah kanthi tawasul kaliyan panjenengan. Dene penyuwun kulo :
1. Mugi-mugi kulo sak ahli kulo sedoyo, sak sederek kulo sedoyo, muslimin lan muslimat, mu’minin lan mu’minat dipun dadosaken tiyang ingkang bejo dunyo lan akhirat, wilujeng dunyo lan akhirat.
2. Mugi-mugi kulo sedoyo sak ahli kulo sedoyo dipun dadosaken tiyang ingkang ahli ilmu lan ahli kebagusan
3. Mugi-mugi kulo sedoyo dipun paringi gampil dateng sedoyo perkawis ingkang kulo tuju, perkawis dunyo lan akhirat lan dipun diparingi gampil anggen kulo nejo ziaroh dateng Makkah lan Madinah kanthi selamet lan sehat.
4. Mugi-mugi kulo sedoyo dipun paringi umur ingkang panjang, ingkah berkah saget kagina’aken damel ibadah netepi perintah lan nebihi cecegahan yakni laranganipun Allah. Akhiripun mugi-mugi kito sedoyo dipun dadosaken tiyang Ingkang khusnul khotimah ( sae pungkasanipun )
5. Selajengipun bilih sampun cekap bade nyuwun pamit, bade nerusaken lampah menawi kito sedoyo sak labetipun ziaroh wonten makan mriki anggadahi kelepatan dateng panjenengan lan poro Auliya ingkang sumare wonten ngriki, haliyah utawi qouliyah kulo sedoyo sak rombongan nyuwun pangapunten. Akhiripun mugi-mugi lampah kito sedoyo dipun paringi wilujeng mulai awal ngantos dumugi akhir, dipun paringi wilujeng dunyo ngantos akhirat. Amin… ( lajeng maos istighfar lan tahlil sak cekapnipun )
Read More......